Sejarah Jawa
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
[sunting] Prakata
Pendatang-pendatang sekang India moali mlebu nang tlatah Jawa sekitar abad 1 ngantek abad 3 Masehi, malah mungkin sedurunge sebab peperangan nang India sing dadi penyebab perpindahan kuwe wis kedaden adoh sedurung abad 1 SM. Jawadwipa (Pulau Jawa) karo Swarnadipa (Pulau Sumatera) dadi pilihan pengungsian sebab wis ana berita sedurunge nek Jawadwipa karo Swarnadipa kuwe negeri sing makmur tur tentrem.
Ana 2 kerajaan sing dibangun keturunan India kuwe sing ana catetan sejaraeh, yakuwe:
- Kerajaan Salaknegara, dibangun taun 138 M nang Banten, kiye cikal bakal kerajaan Tarumanegara.
- Keranaan Kalingga, dibangun taun 618 M nang daerah Keling pedhek Jepara siki.